Senin, 14 Mei 2012

SESORAH


Ø  Tuladha Sesorah
Rungokna kanthi premati!
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun,
Para sesepuh lan aji sepuh sepuh ingkang kinurmatan. Bapak camat ingkang kula urmati, para satriyaning nagari ingkang dados pandam-pandoming kawula dasih ingkang kula urmati, .…
Wonten ing kalodhangan punika, kula lurah Miyono minangkani sesulihipun para sesepuh, para alim ulama, saha para kadang kula sedaya warga dhusun, supados ngaturaken wosing wigati pepanggihan ing dalu punika.
Ingkang sepisan kula badhe ngaturaken bilih upacara sedhekah bumi punika sampun kita wiwiti kanthi reresik griya, pekarangan, makam, saha selametan minangka adat kebiasaan saben taunipun.
Ingkang kaping kalih, upacara sedhekah bumi punika boten ateges kita badhe hura-hura,pesta ing satengahing panalangsa reribet gesang ingkang sansaya awrat..…
Ingkang kaping tiga, upacara sedhekah bumi punika minangka raos syukur kita dhumateng Gusti Ingkang Mahaagung. Inggih awit …
Kaping sekawan, upacara sedhekah bumi ingkang saweg kita lampahi punika sampun ngancik paripurna. Puncaking acara ing dalu punika inggih ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal sedalu natas kanthi lampahan Semar Mbangun Kahyangan. Ing pangajab kita saged nuladha pakartinipun Semar minangka pamomong ingkang tansah asung pemut lan pepeling dhateng pamomongipun.
Wasana cekap semanten atur kula, mangga kita dherekaken sesanti Jaya-jaya Wijayanti, Memahayu Hayuning Bawana. Mugi-mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar