Nulis surat undangan utawa layang ulem
Ø Ngerteni
jinise layang lan perangane layang
a.
Jinise layang
Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
Layang iber-iber (surat kiriman)
Layang dhawuh (surat perintah)
Layang lelayu (surat kematian)
Layang kitir (surat singkat / memo)
Layang ulem (surat undangan)
Tuladha 1
Nambut
silaning akrami:
Dra.
NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs.
MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun
rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten
kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem
Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh
lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
KRT. Tedjaningrat Kekalih
Tuladha 2
PEMERINTAH KABUPATEN KUDUS
KECAMATAN JATI
DESA GETAS PEJATEN
Jalan Getas Pejaten Kudus
No.
|
:
|
444/318/14.01.9/2011
|
Kudus, 14 Januari 2011
|
|
Lamp.
|
:
|
-
|
||
Hal
|
:
|
Uleman
|
Dhumateng : Warga Getas Pejaten
Winantu sagunging pakurmatan
Nuwun, kanthi sih kanugrahaning Gusti Allah SWT, kepareng
kula nyuwun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing ”Program Penyuluhan dan
Pemberantasan Deman Berdarah” ingkang dipunwontenaken dening petugas saking
Dinas Kesehatan Kabupaten Kudus benjing,
Dinten :
Kemis
Surya :
20 Januari 2011
Tabuh :
19.00 WIB
Panggenan : Bale
Desa Getas Pejaten
Wasana ndadosaken bombonging manah bilih panjenengan
kersa angrawuhi.
Matur nuwun
Kepala Desa Getas Pejaten
Indarto
b.
Perangane layang
Adangiyah /adawiyah / salam taklim
Papan lan titi mangsa
Salam pambuka
Pambuka layang
Surasa layang
Panutup layang
Peprenah
Tapak asma
Asma cetha
Ndherek ngajeng-ngajeng (wong sing melu ngarep-ngarep rawuhe
tamu)
Ø Nulis
layang ulem
Anggone nulis surat undangan iku kudu nggatekake
unggah-ungguhe basa. Lumrahe nganggo basa krama. Yen undangan utawa ulem iku
kanggo kancane sing wis rumaket utawa sepantaran bisa ngganggo basa ngoko.
Nanging becike nganggo basa ngoko alus. Saliyane iku, kudu nggatekake pilihan
tembunge. Adangiyah ditrepake karo sapa layang iku katujokake.