Senin, 14 Mei 2012

LAYANG


Nulis surat undangan utawa layang ulem
Ø  Ngerteni jinise layang lan perangane layang
a.    Jinise layang
*      Layang biwara (surat kabar, surat laporan)
*      Layang iber-iber (surat kiriman)
*      Layang dhawuh (surat perintah)
*      Layang lelayu (surat kematian)
*      Layang kitir (surat singkat / memo)
*      Layang ulem (surat undangan)

Tuladha 1
Nambut silaning akrami:
Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat
Kaliyan
Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan
Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta
Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih
Tuladha 2

PEMERINTAH KABUPATEN KUDUS
KECAMATAN JATI
DESA GETAS PEJATEN
Jalan Getas Pejaten Kudus
 

No.
:
444/318/14.01.9/2011

Kudus, 14 Januari 2011
Lamp.
:
-


Hal
:
Uleman



Dhumateng : Warga Getas Pejaten

Winantu sagunging pakurmatan
Nuwun, kanthi sih kanugrahaning Gusti Allah SWT, kepareng kula nyuwun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing ”Program Penyuluhan dan Pemberantasan Deman Berdarah” ingkang dipunwontenaken dening petugas saking Dinas Kesehatan Kabupaten Kudus benjing,
Dinten                        : Kemis
Surya              : 20 Januari 2011
Tabuh             : 19.00 WIB
Panggenan   : Bale Desa Getas Pejaten
Wasana ndadosaken bombonging manah bilih panjenengan kersa angrawuhi.
Matur nuwun

Kepala Desa Getas Pejaten


Indarto

b.    Perangane layang
*      Adangiyah /adawiyah / salam taklim
*      Papan lan titi mangsa
*      Salam pambuka
*      Pambuka layang
*      Surasa layang
*      Panutup layang
*      Peprenah
*      Tapak asma
*      Asma cetha
*      Ndherek ngajeng-ngajeng (wong sing melu ngarep-ngarep rawuhe tamu)

Ø  Nulis layang ulem
Anggone nulis surat undangan iku kudu nggatekake unggah-ungguhe basa. Lumrahe nganggo basa krama. Yen undangan utawa ulem iku kanggo kancane sing wis rumaket utawa sepantaran bisa ngganggo basa ngoko. Nanging becike nganggo basa ngoko alus. Saliyane iku, kudu nggatekake pilihan tembunge. Adangiyah ditrepake karo sapa layang iku katujokake.

1 komentar: